Tuo teladan iki pilihan
Dadi tuwa iku wis kodrate manungsa dadi panutan ora kabeh bisa narima.
Cilik gedhe tuwa enom iku mung masalah sepira dawane umur, ora mesti dadi ukurane sepira akehe ilmu lan wicaksana, yen uripe mung di akehi seneng tanpa gelem sinau lan ngerteni sepira ambane donya uga kepiye manungsa kanggo ngenal ciptaane Gusti Allah, wong iku bakal dadi kodhok ana njero batok, ketara gedhe lan amba donyane nanging sepi tanpa cerita uripe, ora ngerti yen batok iku mung njerone klapa.
Ukurane temuwa iku yen bisa narima apa sing beda karo karepe, lan apa sing beda karo pikirane, bisa nampa tanpa alok kurange liyan, tanpa gawe wirang kanggo njaga lan paring pahormatan, ananging narima bedaning pikir ora ateges blaka suta , kudu diudhari nganggo dawane pikir lan jembare ati.
Dadi tuwa lan temuwa iku ora gampang kaya narima putihe rambut lan kulit sing kisut, ananging kudu bisa menepke ati ngatur diri dadi teladane menungsa sing ana mburi, urip kudu wani ditata nganggo carane Sing Kuwasa iku jenenge kodrate manungsa.
sumber:http://blog.bijakjawa.com/tuo-teladan-iki-pilihan/

0 comments:
Post a Comment